Kamis, 26 November 2026

Serial Glembo: Rebutan Engklope Mang Jhon Dulmin

Serial Glembo: Rebutan Engklope Mang Jhon Dulmin

RAGAM
7 November 2013, 06:58 WIB
Cuplik.Com - Jagat cerah padang njelindang.. esuk jam 8 Glembo masih gluntang-gluntung ning sompang alias peturon.. pojokan kasur katon bolong kenang udud, guling nepluk ning sor kasur kepancal sikil, sprei ngwulak-ngwalik ngelinting-ngelinting, bantal dibuntel sarung sowek pengganti sarung bantal, asbak kebek udud tegesan, nduwur kamer dipasang spanduk bekas tulisane: "Mie Sedap Lezaaaattt", kordeng jendela nganggo spanduk kartu perdana sing tulisane: "pulsanya iriiiiit bangeeetts", klambi lan celana bekas pada pating crangkol ning paku sewalike lawang, sekali ditepak, lamuk pada bubar.. kamer kaya kapal pecah, maklum kamere wong lanang..

Clangab : "bo, tangi gah adus, kosi banget wayah mene masih "ngrembuwek" ning kamer bae, sampe wedus di angon bapa Tarkama.. meng lapangan yu gah, ndeleng mang John Dulmin pidato pencalonan.."

Glembo : "pencalonan apa..? kaya kampanye wis mulai bae, daptar bae gah durung.."

Clangab : "ya embuh sih, tapi tenda korsi mah wis dipasang mau bengi, gage gah.."

Glembo ngulet, toli tangi clingak-clinguk, langsung adus nduruti ajakane clangab.. entas jebar-jebur adus, manjing kamer mung andukan, nganggo kaos sing dianggep paling bagus tulisan: "TOLONG SAYA PAK JANGAN DIPUKUL, TANYALAH DULU APA SEBABNYA !", toli nggo celana dawa rada bolong dengkule, lan sisiran miring, batuke melu melinyar kenang lenga rambut 'urang-aring-arung-jeram'..

Wis siap meluncur, tapi ora klalen nyamper genk Cacamarica sejene.. Bluwud, Semprang, Dulcikrak, Dargembul, Kaprawi, Ceple, lan Glabed..

Penasaran apa sing arep diemengaken Mang John Dulmin.. dadi kabeh rikat mangkat ngenclang meng lapangan pinggir balong-balong lele.. kesawang sing kadohan, wis akeh lautan menungsa terutama bangsa manula, sembok-sembok lan nyai-nyai.. para 'angsip', satpol PP, Pulisi kroco, Kuramil katon paling sibuk.. sebagian ribut "pripat-pripit" sempritan, padahal ora ana sing perlu disempriti, tapi maksa bae semprat-semprit kaya pramuka latian baris rebutan piala Camat..

Saya suwe saya akeh uwong, genk Cacamarica ngadeg melaku rimbit-rimbit ndusel-ndusel meng tengah, tapi tetep ora keduman kursi, dadi kepaksa ngadeg pada gepekan pipa tiang tenda, ning tengah-tengah bangsa nyai-nyai lan aki-aki..

Nyai Wastiyem : "jare arep di bagi 'engklop', iya tah ki..?" (karo rada bisik-bisik)

Aki Surja'im : "embuh, tapi kaberan, berarti reang-reangan bakal olih kecap, gula, beras, lenga klentik karo tambahan 'engklop'.."

Dulcikrak sing krungu obrolan dadi gatel melu ngemeng: "dudu dibagi kuwen wa, tapi dibagi cap jempol'e Mang John Dulmin.. langsung dicap ning pipi, batuk karo ning pinggir andeng-andenge sampeyan.."

Aki Surja'im : "AJA BANGOR GAH ANAKAN DALBAN, TEK COCROP UNYENG-UNYENGE SISAN SIRAH !" (Aki Surja'im nyolot karo kepekan tongkat tetekan)

Sing ditunggu-tunggu teka, Mang John Dulmin munggah mimbar, para nyai-nyai lan aki-aki sing wis berag karena olih "ingpormasi" arep olih sembako dadi surak: "HOREEEEE..", Mang John Dulmin dadi percaya diri, tangane da-da alias "ngawe-awe" ora mandeg-mandeg tanda terimakasih..

Dulcikrak lan genk Cacamarica sing pada gepekan tiang tenda, iseng mbisiki Aki Surja'im..

Dulcikrak : "Aki Surjai'm, ikah mang John Dulmin ngawe-awe, gage maju.. kuwen tanda sampeyan arep diupai 'engklop' karo sembako.."

Clangab : "iya ki.. gage maju bokat ora keduman.."

Glembo : "gage ki, gage-gage-gage.. jagiaaan.."

Aki surjai'm dadi semangat, langsung ngadeg toli ngemeng santer: "IKAH, NGAWE-AWE BAE.. AYUH DIALAP ENGKLOPEEEE..!!!"

Suasana dadi panik lan ribut, bangsa aki-aki nyai-nyai melu ngadeg, penongton paling guri dadi pikiran semelang ora keduman.. kabeh maju rikat desel-deselan.. suasana panik.. kaligane bae ana maning sing njerit: "MINGGIR-MINGGIR, REANG GAH PENGEN ENGKLOP.." langsung melayu mengarep.. sing sejen dadi kepancing, kabeh nggrudug mengarep..

Para nyai-nyai kesingkang tiba ketendang-tendang sing sejen.. saya suwe saya nggrudug, suarane rame kaya wong demo: "WAI-WOI-WAI-WOIIII".. tenda dadi miring mengarep, Mang John Dulmin dadi melongo: "WADUH ANA APA IKI..?"

Kabeh munggah panggung, ora nyai-nyai ora aki-aki, kabeh dusek-dusekan tangane pada mando nyerbu Mang Jhon Dulmin..

KROKAAAKKK.. DHUAKK.. BRAKK.. BRUAKKKKK ! ! ! !

tenda rubuh mengarep nurubi mang Jhon Dulmin sing lagi di rubung-rubung.. saka panggung ora kuat nahan beban.. lan..

GLUBBBRRRAGGGG.. GLOMBRANGGGGGG..

Panggung njeblos, kegludag bareng tumpuk-tumpukan, Mang Jhon Dulmin apes.. keturuban tenda, kejeblos, ketendenan nyai-nyai aki-aki sing sikile pada pating cekakar..

"wis gah cah, ayuh gage balik-balik-balik gage..", jare Glembo karo nariki genk Cacamarica.

 

Karya: Admin Fanpage Indramayu Kota Mangga (IKM) 

 


Penulis : Dewo
Editor : Dewo

Tag :

CURHAT RAKYAT

Kemenparekraf Gandeng Merry Riana Group Tingkatkan

Kementerian Pariwisata dan Ekonomi Kreatif (Kemenparekraf) kembali menjalin kerja sama dengan Merry Riana Group dalam upaya meningkatkan kapasitas sumber daya manusia (SDM) ekonomi kreatif. Kolaborasi ini bermula dari kunjungan Menteri Pariwisata dan E

KOMITMEN PEMDES RANJENG DALAM MEMAJUKAN BIDANG PER

KOMITMEN PEMDES RANJENG DALAM MEMAJUKAN BIDANG PERTANIAN SESUAI DENGAN JARGON ASLI WONG TANI RENDENG PANEN SADON DADI Musyawarah Kegiatan Pembentukan Mayor dan Mitra Cai desa Ranjeng

Workshop Gerabah Sitiwinangun Kabupaten Cirebon

Sitiwinangun adalah nama sebuah Desa yang terletak di Kecamatan Jamblang, Kabupaten Cirebon. Desa ini sudah lama dikenal sebagai pusat kerajinan gerabah terbesar dan masih bertahan di wilayah Kabupaten Cirebon. Dapat dikatakan kerajinan gerabah Sitiwi

TERBARU LAINNYA

IKLAN BARIS

Ruqyah Islami wilayah Indramayu dan sekitarnya, Hub Ustadz ARI wa 0877-2411-1128
Hadir FRENDOT jasa pembuatan stiker, kalender, plakat, cetak ID card dan banyak lainnya lokasi depan RS MM Indramayu
Bakso Goyang Lidah depan Gardu Induk Singajaya, menggoda selera. Kualitas Daging Sapi terjamin.
Cara membuka akun Bank Jago terblokir), hubungi tanya jago melalui ( CS ) di WhatsApp Resmi di +62813 7O64 5O5. atau untuk layanan pelanggan 24 jam melalui telepon di 15OOO764 / O8137O645O5 . dan past
Jasa Foto / Video Wedding dan Prewedding, Live Streaming Indramayu dan sekitarnya, Harga Terjangkau Kualitas Cemerlang. Cuplik Production WA 081312829503