Glembo : "dul, dadi pemilian demang kih, sing maju sapa-sapa.. jare sira dadi KAPE'U..?"
Clangab : "KAPE'U sing wanakirun..?"
Dulcikrak : "wanakirun tempat lairane mboktuanira, ngab..?"
Bluwud : "biasa, sapa maning baka dudu kaji dulmin..? wong dewek sing taun kepungkur ngamuk sebab gagal nyalon demang sebab di jegal ning bala segolongane dewek genk weringin growak, sing arane wa ilong.."
Glembo : "wa ilong..? wa ilong bapa tuane kang carkiban..? sing di konjara gara-gara korupsi anggaran tani sing arep nggo tuku pacul kah..?"
Clangab : "eh, jare kaji dulmin kuh di geger aken ijasah palsu..? bener beli..?"
Semprang : "mau-mau nggo ijasah reang bae daptare.."
Dalkembu : "lha ya embuh palsu apa beline mah, geger iku biasa, aja ora enak ati, yen bener asli, ya kari di buktiaken bae ning kaji dulmin, supaya beres urusane orah..? amber gelis.."
kesawang sing kadohan, kaji dulmin katon nungpak pit, nganggo peci rada miring, kaos gambar weringin growak, sarungan munjuk rada duwur supaya beli nggelibed meng rante pit, gawa arit, lan karung suket sebrinjang diangkut ning gurian.. saya suwe saya parek meng arah gardu, toli mandeg bari mesem..
Kaji Dulmin : "priwe luur, pada waras.. udude kurang beli..?"
Clangab : "COCOG KARO IMPEN !"
Glembo : "dingaren temen ji..? mandeg toli nyapa nawani udud, biasane kah plingas-plingus bae.."
Dalkembu : "tas ngarit tah ji..?"
Kaji dulmin : "aja sinis bae ira kuh glembo, priwe-priwe gah sira kuh masih rakyat bondoroyot reang.. sira iku anakan tarkama, tunggal buyut karo bapa reang.. sira sing sopan ning wong tua.. aja ndlagdag.."
Bluwud : "sida maju ji..? maju ngarit maksude mah.."
Kaji dulmin : "aja ngece bae ira kuh bluwud anakan warningkem.. aja klalen dukung reang, supaya pada olih kerja, ora pada nganggur maning.. ora pada jental-jentul ning gardu maning.. wis gah, reang arep ngempani si jeki cen dipit..", (karo nyedeyal pit maning, miang)
Glembo : "ji, mangsa toli majikan karo wedus arane bagus wedus..? wedus jeki cen..?"
Semprang : "ji, baka kepilih dadi demang, bakal ana proyek kerjaan apa mau kah..!?"
kaji dulmin njawab sing kadohan: "PROYEK ABADI, KERJA NGURAS LAUT, MBOK TUANIRA, BAPA TUANIRA, KAKANG LAN ADI WALONE IRA KEDING OLIH MELU KERJA.. KABEH KERJA.. AJA KLALEN.. COCOG GAMBAR REANG.."
glembo : "COCOG CUNGURE.. COCOG KARO IMPEN !"
Penulis adalah Admin Fanpage Indramayu Kota Mangga